TAK PENDHEM JERU

Kamis, 03 Februari 2011




TAK PENDHEM JERU
















Tak pendhem jeru Lakon pun dadi kunarpa, Ora ana sing nyapa Nalika lara lapa dadi kidung Ulat esem menehi tentrem Muspra... Siji-siji sumingkir endha Supaya ora gupak lupute lara.

Ah...apa sejatine Tresno Utawa tegese sedulur beda bapa ibu Yen dhuwit dadi pangukur
Playune laku... Lan endahe kekancan lan paseduluran.

Tak pendhem jeru Rasa gela ana dhadha, Tak eling-eling Katresnan pancen ora kena dipeksa. Apa maneh rasa seneng Kang menehi tentrem.

Sumingkira...ora bakal tak penggak, Awit saiki pancen aku ora duwe apa-apa duweku mung Tresno kang saiki ora ana kang mbutuhno.



Tak pendhem jeru....
Lakonku...lakuku...katresnanku
Ben dadi kunarpa...







0 komentar:

Posting Komentar